Thursday, 11 April 2013
Guyon
Yo podo dolan neng demak ijo, ayo jo
Jothakan ku, ayo ku
Kusir jaran, ayo ran
Rante kapal, ayo pal
Palu arit, PKI, ayo I
Iwak Babi, ayo bi
Bintang sabit, Masyumi, ayo mi
Minak jinggo, ayo nggo
Nggodog telo, ayo lo
Londo mendem, ayo ndem,
Ndemok silit, gudhingen...
Ojo salah...
ojo salah..
Esuk - esuk tuku lengo nyangking botol, kon.. .
co
Konco lawas di jak dolan meyang kali, pe...
lem
Pelem iku kecute ngluwehi jeruk, tu...
ma
Tuma iku manggone ono ing rambut, jem...
pol
Jempol sikil othal-athil keno patil, i...
du
Idu kui nggo dolanan ora apik, alah tem...
polong
Tempolong yen digeret mbesetke kulit, si...
let
Silet iku dijupuk, ojo dicawuk, ga...
wang
Gawang bal-balan jaringe arep prithil, pen...
thung
Penthung wesi nggo nggebug sing do kurupsi.
Sumber: Kyai Kanjeng + Caknun
dalam "Optimisme Janda Royal"
Sutos, Surabaya, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment
we are happy to hear your voice, may Earth be with us